Senin, 21 April 2008

*Seem_book*

Jroning lelimengan, aku nrabas guwa garba

Nasak bebondhot lumut-lumut lunyu

Wusana bisa ngancik gapuraning pepadhang

Nandyan kanthi panebus wutahing ludiro

Kang gumelar amba tanpa sabawa

Lumerepe banyu ngawe-awe marasku

Njurung tekadku amrih inggala jumegur

Ana swara dumeling aweh sasmita

Jer urip iki hamung mampir ngombe

Mula aku kudu ngombe satuwuke

Ing madyaning samudra

Kang dak enggo lelumban

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda